Ngaji Al Hikam Kanggo Wong Awam, Ojo Anggep Cilik, Ojo Anggep Gede 

Oleh: Ahmad Rofiq

Dilanjut bro yo ngajine’, ojo lali bro, kitabe’ jenenge’ al-hikam, iki dudu ceramah Lo yo, tapi ngaji nganggo kitab. Nek ceramah, aku kuwatir ngelantur engko, ngomong sing gak2, nek ono kitabe’ kan jelas, iso dilacak bekne’ aku salah omong, ngono loh bro..sip to?

Dadi sing tak omongno iki ora hasil cangkemku sing “ngowos” tapi dawuhe’ imam ibnu athoillah as-sakandary. Aku mung makelari tokk kok bro..tak wacakno, ben kowe’ iso paham, tur ora usah mbayar. Enak to bro? Wah..wah… Ce’k senengmu karo gratisan bro.. Bro…. Kwkwk..

Bismillahirrahmanirrahim

لاصغيرة إذا قابلك عدله ولا كبيرة إذا واجهك فضله

Ngene’ , Bro penjelasane’

“ORA ONO KESALAHAN CILIK NE’K AWAKMU PAHAM TENAN SIFAT ADILE’ PENGERAN. LAN ORA ONO KESALAHAN GEDE’ NE’K AWAKMU PAHAM TENAN SIFAT APIKANE’ (FADHOL) PENGERAN”

Paham ta Bro? Isih durung? Gak popo, santai wae’, kopimu SRUPUT SIK…mari ngene’ tak terangno…!
Rungokno tenan Iki, ne’k Kowe’ pingin parek Karo Pengeran

Kowe’ ne’k paham tenan Gusti Alloh iku Moho adil, Ora bakal Kowe’ nyepe’lekno kesalahan masio ketoke’ cilik. Sebab kesalahan sing Mbok anggep cilik lan sepele’ iku mau, kadang miturut Alloh kesalahan gede’ banget. Tak ke’i contoh Yo Bro…engko angen2 dewe’ insyaallah paham Kowe’…

Nabi Ya’qub tau diuji Gusti Alloh, dipisahno Karo anak kesayangane’, nabi Yusuf, nganti 16 tahun. Susah Bro, banget susahe’ nganti nangis terus..nganti dadi wuto mripate’ mergo kakean nangis. Banget sedih e’. Terus Nabi Ya’qub ngeluh, dungo marang Gusti Alloh, nabi Ya’qub Takon opoo kok dicubo koyo mengkono abote’. Pisah Karo anak tersayang puluhan tahun…

Dijawab karo Gusti Alloh, “YA’QUB! OPO KOWE’ ORA ELING? BIYE’N KOWE’ NYEMBELIH PEDE’T NOG NGAREPE’ MBOKNE’ PEDE’T IKU. WAKTU IKU MBOKNE’ PEDE’T DUNGO, JALUK KEADILAN-KU..YA ALLOH! CE’K TEGONE’ NABI YA’QUB NYEMBELIH ANAK KULO NOG NGAREP KULO. KULO NYUWUN KEADILAN PANJENENGAN GUSTI, YA’QUB AMPUN PEJAH SAK DE’RENGE’ NGERASAKNO PISAH SONGKO ANAKE’.” Kerono AKU MOHO adil, dungone’ sapi sing jaluk keadilan iku tak turuti,”

Nabi Ya’qub njur sadar Bro, tau ngelakoni kesalahan. Padahal NGONO iku kan ora kesalahan gede’ to Bro…la Wong NYEMBELIH sapi wae’ kok. Tapi Nabi Ya’qub iku kekasihe’ ALLAH, salah titik wae’ kadang dadi serius mungguhe’Gusti Alloh….Dadi Kowe’ ne’k ngingu wedus, sapi, kucing lan liya-liyane’ sing ati2 Bro Yo, Ojo mbok saduki wae’, engko ingon2mu dungo terus di-ijabahi Gusti Alloh…..reepot tenan Kowe’Bro, Iki temen Lo Bro, ORA guyon..

Iku mau conto Bro, Ojo nganggep kesalahan cilik iku gampang lan sepele’, sebab ne’k GUSTI ALLOH nerapno sifat adile’, kesalahan sing ketoke’cilik lan sepele’ Iso wae’ gede’ mungguhe’ Gusti Allah….
paham Bro Yo?? Laa..Iku maksute’ Dawuhe’ Imam Ibnu Athoillah لاصغيرة إذا قابلك عدله

Sing nomor loro suwalike’ bro, ora ono kesalahan gede’ ne’k kowe’paham tenan fadhol lan moho apikane’gusti allah. Dadi umpomo kowe’ tahu ngelakoni duso gede’, umpamane’: dadi lonte’, tau mate’ni wong, tau gowo mlayu bojone wong, tahu ngerampok lan sak panunggalane’, terus kowe’ pingin tobat… Yo tobat wae’ bro. Sebab rohmat lan pangapurone’ gusti alloh iku gede’ banget. Mbok bandingno dusomu, isih gede’ fadhol lan rohmate’ alloh. Ngono lo bro….paham ta? Sruput sik kopimu…

Contone’ aku yakin Kowe’ wis tau krungu Bro, Ono lonte’ gara2 ngombeni asu ngelak ternyata disepuro Gusti Alloh dusone’,

Tapi Ojo diwalik Lo Bro Dawuhe’ imam Ibnu Athoillah Iki, engko dang Kowe’ terus ngomong ngene’: _”Ee…berhubung fadhol lan pangapurone’ Gusti Alloh gueede’, aku tak ngelakoni duso gede’ ahh…engko aku tak jaluk sepuro…”_

Kowe’ ne’k Mikirr ngono Bro, berarti Utegmu iku ancen Elek’ tenan….. kwkwk…..uteg kudu diumbah nog kali iku….

Wis Bro Yo, pegel drijiku Bro… Ojo lali intine’ Ngaji Iki: KUDU SEIMBANG. SING WIS KHUSUK LAN ALIM OJO NYEPE’LEKNO KESALAHAN SING KETOKE’ CILIK, LA SING TAU NGELAKONI DUSO GEDE’ YO OJO PUTUS ASA SAKING ROHMAT LAN PANGAPURANE’ GUSTI ALLOH.

Mugo2 Manfaat Bro Yo…Sakiki Ayo dilanjut tugase’ dewe’2..Sing mau angon bebek Yo dang angon bebek maneh, sing Ngarit Yo dang Ngarit maneh..sing mususi beras Yo dang mare’kno olehe’ mususi beras, Sing ngopi wis ente’k Yo dang mbayar Bro…. Ojo utang terus lah Bro, mesakke’ bakule’…garai Gak iso kulakan engko Mbok utangi terus… huahaha…….. Good bye Bro Yo…

Rekomendasi Berita

Advertisement

Gresik Gres