Ngaji Al Hikam Kanggo Wong Awam, Pokok amal apik sak akeh-akehe

Oleh: Ahmad Rofiq

Alhamdulillah…, Ketemu maneh Karo awakmu, Bro. Atiku Jan seneng tenan weruh awakmu isih seger waras lan ceria. Masio dirimu gak Pati duwe’ duit Bro, gak masalah. Ojo susah lan gelisah. Engko lek susah, Kowe jur ngenes nyesali nasib, padahal ngenes lan nyesali nasib iku mono duso gede’. Sebab Kowe ora syukur marang nikmate Gusti Allah sing mbok terimo. Sakiki Sing penting dirimu happy, lan iso nyukuri kondisi mu sakiki……

Bro, ngaji sakiki temae’ Beramal Baik. Yo koyok sing tak tulis nog dukur iku lahh. Wocoen DEWE’, mosok tak baleni maneh cahh..hemm. oke Bro, Ben gak ngelantur, ayo dang dimulai ngajine. Tak wacakno Yo, rungokno sing temen Yo,

Bismillahirrahmanirrahim

لَا تَيْأَسْ مِنْ قَبُوْلِ عَمَلٍ لَمْ تَجِدْ فِيْهِ وُجُوْ دَ الْحُضُوْرِ , فَرُ بَّمَا قُبِلَ مِنَ الْعَمَلِ مَا لَمْ تُدْ رَكْ ثَمَرَ تُهُ عَا جِلًا

“Ojo putus asa songko diterimoe’  amalmu, masio pas ngelakoni amal iku kowe ora khusuk utowo ora ikhlas. iso wae’, amal apikmu iku diterimo gusti allah masio kowe ora khusu’ utowo ora ikhlas”

 

Dadi Kalam hikmah Iki ngajari aku lan awakmu Bro, nog dunyo Iki sing penting amal apik sak akeh2 e. Masio durung iso khusuk, masio durung iso ikhlas. Gak po2. Lo, kang jare’ amal apik lek ora ikhlas iku ora diterimo Gusti Allah, jare’ sholat lek gak khusuk iku ora Ono efek lan buahe’. Terus piye’ Iki????

Yo, iku siji ilmu, tapi Iki awakmu tak ceritai siji ilmu maneh. Mangkane’ ta, Le’k ngaji iku Ojo sepotong-sepotong, lek ngaji iku lek iso Sampek khatam, be’n ora pah…pohh…… xixixi.

Ancen Ono keterangan ngono Bro, sholat iku Nek iso sing khusuk, sing atine’ hadir. Amal iku Le’k iso sing ikhlas, sing murni kerono Allah. Idealnya memang begitu. Tapi Kowe kudu ngerti Bro, Gusti Allah iku duwe sifat melakukan apa saja yang dia kehendaki. Kan iso wae’, Gusti Allah SWT nompo amale kawulo masio amal iku ora ikhlas? Eling Bro, Allah SWT iku Dzat Yang Maha Suka-Suka.

Malah Kowe ketok goblokmu Le’k ora ngelakoni amal apik mergo nunggu ikhlas utowo khusuk baru Kowe gelem amal. Sebab isih mending wong amal apik masio ora ikhlas dibanding wong sing ora amal lan ora ikhlas. La nek wong ora amal tapi ikhlas piye’ Cak??? Oaalah, ora amal kok ikhlas iku sing di-ikhlasno opooo Bro!!! Wong iso ikhlas iku kudu Ono amale, lek gak Ono amale, lakare’ sing di-ikhlasno abab ta….ha…ha

Dadi ngono Bro Yo. Kowe lek sholat umpamane, terus pas sholat pikiranmu isih melayang, mikir utang, mikir kreditan, mikir pingin wayoh (kanggo sing lagi mapan), mikir omelane’ bojo, mikir jalukane anak dan sebagainya……gak Popo. Terus wae’ ngelakoni sholat. Ojo jurrr, wahhh, daripada sholat gak iso khusuk blas ngene’ iki, mending gak sholat wis……

Lo….Lo….Lo… Ojo ngono Bro. Ngono iku pikiran e’ setan, Kowe lek jukuk keputusan model ngono Bro, setan sueeneng pol. Setan langsung Pesta Karo joget jingkrak-jingkrak, merayakan keputus asaan-mu iku Bro. Paham ta?

Yo tetep wae sholat. Sebab masio sholat mu durung iso khusuk lan hadir atimu, iku isih lumayan. Iso wae masio gak khusuk lan gak sempurna, tapi diterimo Karo Gusti Allah. Aku Karo awakmu kan gak ngerti, here

Laaa iku maksud e Kalam hikmah

لَا تَيْأَسْ مِنْ قَبُوْلِ عَمَلٍ لَمْ تَجِدْ فِيْهِ وُجُوْ دَ الْحُضُوْرِ , فَرُ بَّمَا قُبِلَ مِنَ الْعَمَلِ مَا لَمْ تُدْ رَكْ ثَمَرَ تُهُ عَا جِلًا

Paham ta bro? Tak sawang kait mau kok sirahmu mantuk2……

Alhamdulillah, lek awakmu paham. Le’k gak paham Yo gak Popo. Engko suwe’-suwe lak paham. La wong ngaji Karo paham iku terkadang ora langsung kok Bro. Kadang ngajimu sakiki, tapi diparingi paham suk be’n, pas awakmu ngalami siji kejadian, jur awakmu ngomong OOOO, paling iki maksute”,

Wis Bro, intine’ Amalo apik sak akeh2 e. Sholat tetep lakoni sing rutin,, masio durung iso khusuk, masio awakmu Durung ngerasakno buahe’, gak po2….

Sakiki aku pamit bro, arep makani bebek aku. Awakmu lek arep budal kerjo Yo dang budalo. Sing arep ngopi Yo dang budalo ngopi, pokok Ojo lali mbayar lek wis mari… xixixi. Ojo ngutang terus Bro, sakno sing dodolan, engko gak iso kulakan maneh lakk……..

Rekomendasi Berita

Advertisement

Gresik Gres